Senin, 25 November 2013

Kangmas


Kangmas, sliramu ana ngendi?

Apa iya ta sliramu ana ing ati iki

Apa iya sliramu sing dak tresnani

Embuh kangmas, aku dhewe ya durung bisa mangsuli


Sepurane kangmas, ati iki durung manteb

Durung bisa mangsuli pitakonan kalawingi

Apuranen adhimu iki kangmas

Adhi kang durung bisa gawe mantebing atimu


Dening : Erna Yulianti Safitri

Bapak


Wayah kuwi, sing dak lakoni amung nangis

Nangisi kahanan kang dumadi

Nangisi pawongan kang dadi kasihing ati

Nangisi bapak kang lagi merjuangke dhiri


Bapak, anakmu iki amung bisa nangis

Bingung kudu kepriye ngadepi kahanan iki

Bapak, anakmu iki mung bisa mandengi

Mandengi bapak karo dleweran eluh saka ati

21 November 2013


Dening : Erna Yulianti Safitri

Jumat, 15 November 2013

Gunemmu


gampang temen anggonmu janjeni

tak rasakake gunemmu sansaya ngaubi

tembungmu saya suwe saya ngadhemke ati

apa bener apa sing kok ucapke kuwi?


bener lan orane gunemmu kuwi

aku ora bisa mungkiri

yo amung gunemu kuwi

kang bisa gawe senenging ati


apa iya salawase bakal ngene iki?

apa iya awakmu bakal terus nresnani?

apa iya aku uga bakal terus kok sandhing?

apa iya gunemmu bakal terus gawe adheming ati?


amung gunemmu sing dak enteni

amung gunemmu sing dak kangeni

nanging ora mung gunemmu sing dak tresnani

lan ora mung gunemmu sing gawe adheming ati

16 November 2013


Dening : Erna Yulianti Safitri