Rabu, 11 September 2013

Sidane Kepriye?



Basa Jawa yaiku Basa kang digunakake dening masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah lan Jawa Timur. Anane isu yen Basa Dhaerah bakal diilangake saka kurikulum 2013 andadekake masyarakat sansaya ketar-ketir, mligine para mahasiswa Basa Jawa sing peduli marang adat karo budaya dhaerah kang kudune diuri-uri. Universitas sing buka Jurusan Basa Jawa iya bakal kena imbase, peminat jurusan basa jawa uga bakal mudun. Amarga persepsi yen jurusan Basa Jawa wis ora ana prospek mengarepe. Yen Jurusan Basa Jawa sida diilangake saka kurikulum, banjur kepriye nasibe calon guru-guru basa jawa. Ameh ngulang apa yen basa jawa bakal diilangi? Apa kudu ngajar mata pelajaran liyane?
Para Mahasiswa Jurusan Basa Jawa uga pada ngupayakake Basa Jawa iku tetep dadi mata pelajaran kang kudu diajarake ning SD, SMP, utawa SMA. Tuladhane Mahasiswa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Unnes kang nganakake seminar sing ngrembug babagan kurikulum 2013. Ing seminar kuwi dijlentrehake yen basa jawa ora bakal diilangi nanging mung dilebokake ing mata pelajaran muatan lokal.

Ing wilayah jawa timur, lan DIY uga gencar dianakake seminar kanggo bahas kelangsungane basa jawa ing kurikulum 2013. Pemerintah dhaerah uga pada ngusahakake supaya basa jawa tetep ana ing kurikulum 2013 sing bakal ditrepake wulan Juni iki. Upaya kang dilakoni dening pemerintah dhaerah iku pungkasaning ngentukake asil, isu yen basa dhaerah bakal diilangi nyatane mung isu kang kagawa angin. Basa dhaerah nyatane ora diilangi, mung wae jeneng mata pelajarane ora basa jawa maneh nanging muatan lokal. Jam pelajaran kanggo basa jawa uga kudu dibagi karo muatan lokal liyane yaiku kesenian. Yen kaya mengkene guru-guru basa jawa bakal angel kanggo menuhi syarat ngajar 24 jam supaya bisa dadi pegawe negri sipil. Para guru basa jawa kudu mulang saora-orane 2 sekolah supaya bisa menuhi syarat kuwi mau.
Dening : Erna Yulianti Safitri
2601412076

Tidak ada komentar:

Posting Komentar