Minggu, 05 Januari 2014

Kurang Bahan


Ndhelok tipi wayah awan
Acarane kok padha jejogedan
Lagune judhule oplosan
Mlumpat-mlumpat padha gegujengan

Iki memang jaman kemajuan
Oplosan wae iso dadi tetembangan
Ananging yen bisa menehi arahan
Entuk joged asal ora nganggo klambi kurang bahan

Lha kok risih andeloki lanang wedok joged bebarengan
Ora masalah jogede, nanging tangane kang padha gegrayangan
Apa iki sing jenenge jaman edan
Bocah wadon seneng nganggo klambi kurang bahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar