Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Kamis, 10 April 2014

Ibu




Ora ana tembung sing dakrasa luwih endah saka tembung ibu
Ibu, pawongan kang gelem menehake apa wae kanggo putrane
Ibu, ora ana wong kang bisa nandhingi ibu
Ibuku ya ibumu

Ibuku
Ibu
Ibu
Ibu
Tresnaku marang sliramu
Ora bakal bisa nandhingi tresnamu marang aku

6 Desember 2013

Minggu, 05 Januari 2014

Kurang Bahan


Ndhelok tipi wayah awan
Acarane kok padha jejogedan
Lagune judhule oplosan
Mlumpat-mlumpat padha gegujengan

Iki memang jaman kemajuan
Oplosan wae iso dadi tetembangan
Ananging yen bisa menehi arahan
Entuk joged asal ora nganggo klambi kurang bahan

Lha kok risih andeloki lanang wedok joged bebarengan
Ora masalah jogede, nanging tangane kang padha gegrayangan
Apa iki sing jenenge jaman edan
Bocah wadon seneng nganggo klambi kurang bahan

Kamis, 05 Desember 2013

Jare


Jare, ya mung jare

Jare kuwi ujare kae

Jare yo jare

Ora bisa dicekel kasunyatane


Yen mung jare

Kabeh wong uga isa ngomong jare

Yen jare kuwi agawe saka tape

Yo enak tenan si jare


Ananging jare ora agawe saka tape

Jare kuwi metu saka lambe

Jare durung ateges katon kasunyatane

Amarga jare ya mung jare


Dening : Erna Yulianti Safitri

Rabu, 04 Desember 2013

Apa ya?



Kae, swara apa ya?
Dirasakake, kok kepenak unine
Wah gayeng tenan kahanane
Kok ya trep ya dirungokake

Eh jebul, kae swara gamelan,
Alat musik tradisional jawa
Pantes yen endah swarane
Pantes uga, yen dadi gayeng kahanane

Eh lha kae, sapa wanita ayu kae?
Kok ya lenggak lenggok ana sangarepe gamelan
Endah tenan parase
Nengsemake tenan tariane

Wah yen gamelan terus ditabuh kaya mangkene
Bisa tentrem tenan ati iki
Yen saben wengi ana pagelaran kaya ngene
Tansah seneng tenan ati iki


Dening : Erna Yulianti Safitri

Senin, 25 November 2013

Kangmas


Kangmas, sliramu ana ngendi?

Apa iya ta sliramu ana ing ati iki

Apa iya sliramu sing dak tresnani

Embuh kangmas, aku dhewe ya durung bisa mangsuli


Sepurane kangmas, ati iki durung manteb

Durung bisa mangsuli pitakonan kalawingi

Apuranen adhimu iki kangmas

Adhi kang durung bisa gawe mantebing atimu


Dening : Erna Yulianti Safitri

Bapak


Wayah kuwi, sing dak lakoni amung nangis

Nangisi kahanan kang dumadi

Nangisi pawongan kang dadi kasihing ati

Nangisi bapak kang lagi merjuangke dhiri


Bapak, anakmu iki amung bisa nangis

Bingung kudu kepriye ngadepi kahanan iki

Bapak, anakmu iki mung bisa mandengi

Mandengi bapak karo dleweran eluh saka ati

21 November 2013


Dening : Erna Yulianti Safitri

Jumat, 15 November 2013

Gunemmu


gampang temen anggonmu janjeni

tak rasakake gunemmu sansaya ngaubi

tembungmu saya suwe saya ngadhemke ati

apa bener apa sing kok ucapke kuwi?


bener lan orane gunemmu kuwi

aku ora bisa mungkiri

yo amung gunemu kuwi

kang bisa gawe senenging ati


apa iya salawase bakal ngene iki?

apa iya awakmu bakal terus nresnani?

apa iya aku uga bakal terus kok sandhing?

apa iya gunemmu bakal terus gawe adheming ati?


amung gunemmu sing dak enteni

amung gunemmu sing dak kangeni

nanging ora mung gunemmu sing dak tresnani

lan ora mung gunemmu sing gawe adheming ati

16 November 2013


Dening : Erna Yulianti Safitri

Rabu, 23 Oktober 2013

Yen ati lagi cuthel

awan kaya bengi, njur bengine kaya apa?

awan wae peteng. njur bengi petenge lak ora kira-kira

atis wae rasane dadi panas

njur nek panas, trus kaya ngapa?


kuwi kabeh kamangka ati kang lagi peteng

lagi ngandhut bab kang gawe pikiran cuthel

yen ati wis ora weruh kahanan

njur kepriye carane pikiran bisa ngayomi ati


Dening : Erna Yulianti Safitri

Kamis, 26 September 2013

iyah kowe

jroning ati rasane pengen nguwisi,
tapi rasa iki isih ana ing ati
pengen anggonku ngupadi
tapi kayane yawis disulayani

sapa sing bakal ngobati
yen ati iki rasane wis gegirisi
sapa sing bakal ndamoni
yen sing didamu ora gelem mari

dening : Erna Yulianti Safitri

ngupadi

yen awak iki isa ngupadi

kedadeyane ora bakal kaya ngene iki

yen rina isa dibaleni

wengi iki ora bakal sansaya sepi


yen ati iki isa ngupadi

ora bakal awaku sansaya nguciwani

yen dina iki isa dibaleni

ora bakal aku nglarani ati

dening : Erna Yulianti Safitri

Rabu, 18 September 2013

nggurit

yen mbulan isa ngetokake cahyane

semana uga awakmu

cahyamu ora saka padanging lampu

ananging, saka tulusing atimu


yen banyu isa ngedemke panasing donya

semana uga awakmu

ora nganggo apa-apa

amung perhatianmu sing isa ngedemke pikirku



by : Erna Yulianti Safitri