Rabu, 04 Desember 2013

Apa ya?



Kae, swara apa ya?
Dirasakake, kok kepenak unine
Wah gayeng tenan kahanane
Kok ya trep ya dirungokake

Eh jebul, kae swara gamelan,
Alat musik tradisional jawa
Pantes yen endah swarane
Pantes uga, yen dadi gayeng kahanane

Eh lha kae, sapa wanita ayu kae?
Kok ya lenggak lenggok ana sangarepe gamelan
Endah tenan parase
Nengsemake tenan tariane

Wah yen gamelan terus ditabuh kaya mangkene
Bisa tentrem tenan ati iki
Yen saben wengi ana pagelaran kaya ngene
Tansah seneng tenan ati iki


Dening : Erna Yulianti Safitri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar