Rabu, 11 Desember 2013

R. Ng. RANGGAWARSITA


Sang Pujangga ing Tanah Jawa
Raden Ngabehi Ranggawarsita (14 Maret 1802 – 24 Desember 1873) kuwi pujanggapinunjul budaya Jawa saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan ing tanggal 10 Dina Senen Legi, Wulan Dulkaidah, Taun Be 1728, wanci jam 12 awan. Bagus Burhan iku putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara/Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita yakuwi Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Raden Ngabehi Ranggawarsita urip lan diwasa ana ing wewengkon keluwarga kraton Jawa kang kebak konsèp logikaètika, lan èstètika.
Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang durung bisa maca Kitab Al Qur’an, dikirim menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Dhasar bocah nakal lan ugungan, wis luwih saka setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur’an. Aja manèh Al Qur’an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yakuwi Ki Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri. Ing pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn kepingin dadi warok Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yakuwi kanthi ngrendhem badan ing Kali Watu jroning patang puluh dina. Sedinane mung mangan gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patang puluh dina suwéné, Bagus Burhan banjur éntuk kanugrahan, dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi andelane Kanjeng Kyai Imam Besari.
Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan dipasrahaké supaya ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Jroning ngabdi mau Bagus Burhan bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan satemah dinugrahani “pusaka” amanat saka Sri Pakubuwana III, yakuwi arupa kasektèn kanggo nulak samubarang niyat ala. Saliyané kuwi uga dinugrahani ngèlmu kendhali kakuwatan jasmani lan rohani sarta kalantipan panca indra. Pungkasané, ing dina Senèn Paing tanggal 4 Sapar Taun Alip 1747 utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Rangga Pujanganom.
Kanggo njerokaké èlmu lan kawruhe, Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom banjur lunga meguru menyang padhépokan Kyai Ajar Sidalaku ing TabananBali. Ing padhèpokan iki Mas Rangga Pujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut Kyai Ajar, yèn èlmu kuwi dipatrapaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi, lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan mula bakal dadi pandhita utawa pujangga negara. Mas Rangga Pujanganom uga diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing ron tal utawa kertas kayu, yakuwi naskah kang digubah déning para empu, antara liya naskah RamadéwaBimasuciBaratayudaDarmasaranaAji Pamasa, lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis jroning Sekar Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Rangga Pujanganom bakal bisa njarwakaké jroning basa Jawakang bisa dimangertèni déning wong akèh. Karya sastra kang tinulis dening Mas Rangga lan kawentar antara liya: Serat Pustaka Raja PurwaSerat SabdatamaSerat Kalatidha,Serat Sabda JatiSerat Wirid Hidayat JatiSerat Jaka LodhangSerat WedharagaSerat Mayangkara, lan Serat Ajidharma-Ajinirmala.
(Kapethik saking http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat,  kanthi ewah-ewahan saperlunipun.)
SERAT SABDA JATI
R. Ng. Ranggawarsita
Pupuh Megatruh
1.     Haywa pegat ngudiya ronging budyayu, 
 margane  suka basuki,
 dimen  luwar kang kinayun, 
 kalising panggawe  sisip,
ingkang taberi prihatos.
 
2.  Ulatna kang nganti bisane kepangguh, 
Galedhehan kang sayekti, 
Talitinen awya kleru, 
Larasen sajroning ati, 
Tumanggap dimen tumanggon.
 
3.  Pamanggone aneng pangesthi rahayu, 
Angayomi ing tyas wening, 
Eninging ati kang suwung, 
Nanging sejatining isi, 
Isine cipta sayektos.
 
4.  Lakonana klawan sabaraning kalbu, 
Lamun obah niniwasi, 
Kasusupan setan gundhul, 
Ambebidung nggawa kendhi, 
Isine rupiah kethon.
 
5.  Lamun nganti korup mring panggawe dudu, 
Dadi panggonaning iblis, 
Mlebu mring alam pakewuh, 
Ewuh mring pananing ati, 
Temah wuru kabesturon.
 
6.  Nora kengguh mring pamardi reh budyayu, 
Hayuning tyas sipat kuping, 
Kinepung panggawe rusuh, 
Lali pasihaning Gusti, 
Ginuntingan dening Hyang Manon.
 
7.  Parandene kabeh kang samya andulu, 
Ulap kalilipen wedhi, 
Akeh ingkang padha sujut, 
Kinira yen  Jabaranil, 
Kautus dening Hyang Manon.
 
8.  Yen kang uning marang sejatining dawuh, 
Kewuhan sajroning ati, 
Yen tiniru ora urus, 
Uripe kaesi-esi, 
Yen niruwa dadi asor.
 
9.  Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung, 
Anggelar sakalir-kalir, 
Kalamun temen tinemu, 
Kabegjane anekani, 
Kamurahane Hyang Manon.
 
10. Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun, 
Yen temen-temen sayekti, 
Dewa aparing pitulung, 
Nora kurang sandhang bukti, 
Saciptanira kelakon.
 
11. Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur, 
Saka pengunahing Widi, 
Ambuka warananipun, 
Aling-aling kang ngalingi, 
Angilang satemah katon.
 
12. Para jalma sajroning jaman pakewuh, 
Sudranira andadi, 
Rahurune saya ndarung, 
Keh tyas mirong murang margi, 
Kasekten wus nora katon.
 
13. Katuwane winawas dahat matrenyuh, 
Kenyaming sasmita sayekti, 
Sanityasa tyas malatkunt, 
Kongas welase kepati, 
Sulaking jaman prihatos.
 
14. Waluyane benjang lamun ana wiku, 
Memuji ngesthi sawiji, 
Sabuk tebu lir majenum, 
Galibedan tudang tuding, 
Anacahken sakehing wong.
 
15. Iku lagi sirap jaman Kala Bendu, 
Kala Suba kang gumanti, 
Wong cilik bisa gumuyu, 
Nora kurang sandhang bukti, 
Sedyane kabeh kelakon.
 
16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput, 
Mulur lir benang tinarik, 
Nanging kaseranging ngumur, 
Andungkap kasidan jati, 
Mulih mring jatining enggon.
 
17. Amung kurang wolung ari kang kadulu, 
Tamating pati patitis, 
Wus katon neng lokil makpul, 
Angumpul ing madya ari, 
Amerengi Sri Budha Pon. 
 
18. Tanggal kaping lima antarane luhur, 
Selaning tahun Jimakir, 
Taluhu marjayeng janggur, 
Sengara winduning pati, 
Netepi ngumpul sak enggon.
 
19. Cinitra ri budha kaping wolulikur, 
Sawal ing tahun Jimakir, 
Candraning warsa pinetung, 
Sembah mekswa pejangga ji, 
Ki Pujangga pamit layoti.
(Kapetik saking: http://sabdalangit.wordpress.com/2009/05/11/serat-sabdajati) ,http://www.sastrajawa.com/r-ng-ranggawarsita-2/#more-304

Tidak ada komentar:

Posting Komentar