Rabu, 11 Desember 2013

PARAMASASTRA


Jinising Tembung
Adhedasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku (1) aran, (2) kriya, (3) sifat, (4) katrangan, (5) sesulih, (6) wilangan, (7) panggandheng, (8) ancer-ancer, (9) panyilah, lan (10) panyeru.
1)         Tembung aran
     Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang.
Tuladha: manggis, watu, gunung, kucing, wedhus, sapi,
2)         Tembung kriya
     Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (verba tindakan). Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakuning kaanan (verba proses). Tembung kriya kang mratelakake tandang gawe upamane mbalang, nendhang, njiwit, lan nyuwil. Wondene tembung kriya kang mratelakake lumakuning kahanan upamane mecah, mbledhos, thukul, kempes, lan njeblug.
3)         Tembung sifat
     Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab.
-       Tuladha tembung sifat kang mratelakake kaanan: mlarat, sugih, sengsara, mulya, beja, lan cilaka.
-       Tuladha tembung sifat kang mratelakake watak: drengki, srei, jail, bombongan, ugungan.
4)         Tembung katrangan
     Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbial) yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan iki bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat (watak/kahanan), wilangan lan bisa uga nerangake tembung katrangan
Tuladha: arep, durung, arang, kerep, rada, isih, padha, tansah, paling, bisa, uga, mung, lsp
5)         Tembung sesulih
     Tembung sesulih utawa kata ganti (pronominal) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.
Tuladha: aku, kowe, dheweke, kowe kabeh,  dak-, -ku, kok-, iki, iku, kuwi, kono, ngene, apa, sapa, kapan, pira, sing, sawijining, lsp
Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
  1. Aku lunga menyang Salatiga.
  2. Wis dakpenging malah tetep nekat.
  3. Sega kuwi wis mambu, aja dipangan lo.
  4. Kapan panjenengan rawuh, mas?
6)         Tembung wilangan
     Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakake gunggunge utawa cacahe barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab.
Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, satus, sayuta, seprapat, saprotelon, sejinah, sapasar, setangkep, salirang, satundhun, lsp.
7)         Tembung panggandheng
     Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa.
Tuladha: sawise, sadurunge, wiwit, rikala, lan, yen, mula, saba, jalaran, lsp.
8)         Tembung ancer-ancer
     Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer iki tansah mapan ing ngarep (sisih kiwane tembung aran utawa tembung sifat.
Tuladhaning tembung ancer-ancer: ing, enyang, saka kanggo, marang, dening, wiwit, karo, mawa, kaya, minangka, amrih, supaya, nganti, lsp.
Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
  1. Wong kuwi asli saka Blora dudu saka Brebes.
  2. Minggu ngarep aku arep menyang Salatiga.
9)         Tembung panyilah
     Tembung panyilah utawa kata sandang (artikula) yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa swijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwaning tembung kang disilahi lan tembung iki gunggunge mung winates. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, sing, lan para.
Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
  1. Punapa ingkang rama wonten dalem, mbak?
  2. Para tamu kula aturi jumeneng sawetawis.
10)     Tembung panyeru
        Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, susah, lan gumun. Tembung iki tansah ndhisiki ukara lan bisa madeg dhewe. Kang kalebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, lsp.
     Panganggone tembung panyeru ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
  1. Lho, dudu sing kuwi.
  2. Sokur, kowe ditinggal kanca-kancamu kabeh.
  3. Halo Dhik, piye kabare?
  4. Nah, saiki saka kene uws cetha apa durung?
  5. Sumber : 
    http://www.sastrajawa.com/paramasastra/#more-314

Tidak ada komentar:

Posting Komentar