Rabu, 11 Desember 2013

NASKAH SANDIWARA ANDHE-ANDHE LUMUT


Dhapukan Lakon/casting:
1. Andhe-Andhe Lumut (Raden Panji Inukertapati)
  • Satriya bagus, gagah prakosa, luruh, wicaksana
  • Andhe-Andhe Lumut sejatine ningrat Kedhaton Blambangan jejuluk Raden Panji Inukertapati kang oleh pidana daksia dadi kawula alit lan banjur diopeni dening mbok Randha Dhadhapan ana ing Kadipaten Arum Wana.
2. Klething Kuning (Putri Galuh Candrakirana)
  • Putri ayu, sabar, kesia-sia
  • Putri Galuh Candrakirana nduweni kekarepen nggoleki dedhemenane Raden Panji Inukertapati kang lagi nglakoni pidana supaya bisa diboyong maneh ana ing Kedhaton Blambangan, Putri Galuh Candrakurina salin wujud dadi wong ndesa kang aran Klething Kuning.
3. Mbok Randha Dhadhapan
  • Piyantun sepuh, sabar, wicaksana
4. Mbok Randha Menah (Nyai Intan)
  • mBok randha wicaksana lan tresna banget marang anak-anake
5. Klething Abang
  • Pambarepe para klenthing, galak, njaluk menang dhewe
6. Klething Ijo
  • Klething kaping pindho, manja
7. Klething Ungu
  • Klething kaping telu, ceplas-ceplos
8. Klething Biru
  • Klething sing nomer papat, paling gecul (dhapukane lanang/banci)
9. Yuyu Kangkang
  • Awujud yuyu, ala rupane, gampang dirayu, sing mbaureksa kali Suda Susila watesing Kadipaten Arum Wana
10. Sang Hyang Kandha Wana
  • Watake angker, sekti, wis sepuh, seneng menehi pitulungan marang sapa kang apik atine
11. Punggawa Kadipaten/Juru Warta
  • Tukang nyorakake warta
12. Pengawal Punggawa 1
  • Tukang nggawa kempul
13. Pengawal Punggawa 2
  • Tukang nggawa payung
14. Dhagelan 1
15. Dhagelan 2
16. Dhagelan 3
  • Para dhagelan yaiku kawula alit, watake gecul
PROLOG
Kocap kacarita, ana ing Negara kang aran Blambangan dicariyosake menawa ana Satria mudha turunan ningrat jejuluk Raden Panji Inukertapati. Dasar Raden Panji Inukertapati iku bagus rupane, sekti ilmune lan dhuwur kawruhe. Raden Panji Inukertapati nduweni gandhulaning ati yaiku Putri Galuh Cangrakirana kang ayu paras lan atine. Sakloron kuwi mau tansah padha sing ceblok dhemen. Ananging marga salah sawijining babagan, Raden Panji Inukertapati gawe wirang kedhaton sak punggawa lan wadya bala satemah Raden kuwi mau oleh pidana lunga saka kedhaton dadi kawula cilik banjur diopeni karo mbok Randha Dhadhapan kang sugih bandha lan urip ana ing dhusun cilik kang aran Kadipaten Arum Wana. Putri Galuh Candrakirana banjur ndhuweni kekareban bakal nggoleki ana ing ngendi papan dununge raden Panji Inukertapati ya sang puspaning ati. Putri Galuh Candrakirana salin rupa dadi bocah wadon ndesa supaya ora dingerteni dening para kawula cilik liyane. Putri Galuh Candrakirana ngerteni dene sejatine Raden Panji Inukertapati iku ya si ANDHE-ANDHE LUMUT..!
BABAK 1
SWASANA LATAR OMAH DHUSUN
(mbok Menah mlaku nggawa bakul, banjur monolog)
MBOK MENAH : ”E….lae, kaya ngene nasibe dadi randha, wis tuwa, urip ning Dhusun sepi, sanadyan mangkono tetep bungah rasaning atiku, amarga aku nduweni anak-anak yaiku para klething, wis dhasare ayu-ayu, pinter, nurut, sregep mbantu mbokne, ananging anak-anakku durung padha rabi, hmm, kamangka sejatine ora kurang-kurang para priya enom-tuwa sing wis nglamar anakku, lha ning piye maneh, kabeh kuwi durung ana sing cocog neng ati.” (mbok Menah ngundang para klething)
MBOK MENAH : ”Wuk, anak-anakku! Abang, Ijo, Ungu, Biru…!!”
PARA
KLETHING          : ”Inggih mbok, wonten timbalan dhawuh!” (para klething teka)
MBOK MENAH : ”Adhuh anakku sing ayu-ayu, bar saka ngendi kowe kabeh ndhuk, hmmm, lha kae ngapa biru kok awul-awulan ra tata kaya mangkono horo?”
K. BIRU                : ”Nganu mbok, mau aku diusili karo mbakyu-mbakyu, mosok jarikku dibiyaki kaya ngene (karo mbiyak jarike dhewe) ya aku isin ta dideloki mas-mase”
K. IJO                    : ”Ora, kok mbok, mau aku ra mbiyak jarike Biru kaya ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) wong kok nudhuh-nudhuh”.
K. ABANG           : ”Iya, mbok wong mau Ijo ora mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) yen, ra percaya takon Ungu kuwi”.
MBOK MENAH : ”Apa bener ndhuk Ungu?”
K. UNGU              : ”Bener mbok, kene ra tau mbiyak-mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) moso ditudhuh mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru), kamangka yen mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru) rak ya ora apik, saru”.
K. BIRU                : (K.Biru wiwit anyel) ”Nyoh, nyoh, nyoh! (karo mbiyak-mbiyak jarike dhewe)
MBOK MENAH : ”Wis wis wis, ayo aja padha padu apa maneh biyak-biyakan ngene iki (karo mbiyak jarike Biru), luwih becik ayo padha neng pawon ngewangi simbok olah-olah”.
PARA
KLETHING          : ”Ya, ya, ya” (para klething lan mbok Menah lunga, klething kuning teka)
K. KUNING         : ”Kulanuwun….”
PARA
KLETHING          : ”Iya” (para klething balik marani Kuning)
K. ABANG           : ”Iya, kowe sapa lan ana perlu apa?”
K. KUNING         : (karo jengkeng) ”Aku klething kuning, aku urip dhewe ora nduwe kadang mitra, apa mbakyu-mbakyu kabeh gelem menawa aku didadekake adhi ragil?”
K. IJO                    : ”Apa, arep numpang neng kene?? Neng kene panggonane wis entek!”
K. UNGU              : “Iya! Luwih becik kowe golek panggonan liya!”
K. KUNING         : “Aku njaluk tulung banget, dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”.
K. BIRU                : ”Huh, ki bocah ngeyel banget ta, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! Nanging nganggo tang!”
K. ABANG           : ”Lho, wis ngerti ta guneme adhi-adhiku, kowe neng kene ki beteke mung bakal ngentekne segane simbok thok, ndang lunga kana!”
K. KUNING         : ”Tulung banget”.
K. ABANG           : ”Lunga!”
K. KUNING         : ”Aku gelem kok dikongkon apa wae”.
K. ABANG           : ” E, e, e, isih ngeyel, ndang minggata!!” (karo nendhang Kuning)
PARA
KLENTHING       : ”Iya, ndang minggat! Sumingkir seka papan kene!” (Kuning nangis banjur mbok Menah teka)
MBOK MENAH : ”E, lae, ana apa iki kok ribut-ribut kaya mengkene? (terus marani Kuning) Lho kowe iki sapa ndhuk cah ayu, kena apa nangis?”
K. KUNING         : ”mBok tulungi kula, kula urip piyambak mboten gadhah kadang mitra, kula pengin urip ten ngriki kaliyan mbakyu-mbakyu menika, kula purun dipunutus napa kemawon”. (para klething ulate dadi peteng)
K. ABANG           : “Halah mbok, cah kaya ngono ki rasah ditanggepi!”
K. IJO                    : “Iya mbok, mung nambah-nambahi beban keluwarga!”
K. UNGU              : “Tambah wong malah tambah bebane keluwarga, kene wae niyate arep ngelongi anggota keluarga barang, eh”. (Abang, Ijo, Ungu nyawang Biru kompak)
K. BIRU                : (bingung, thingak-thinguk) “Wah! Ra penak!”
MBOK MENAH : “Wis-wis rasah padha ribut, simbok dadi bingung iki (banjur marani Kuning) wis ndhuk rasah sedih maneh, simbok bakal menehi kowe ijin melu simbok lan para anak-anakku iki, (para klething padha protes saur manuk) sssttt… (marang para klething) nanging ya kuwi….”
K. KUNING         : “Napa mbok?”
MBOK MENAH   : “Kowe kudu gelem tandang gawe ngewangi simbok neng kene iki”.
K. KUNING         : “Menawi mekaten kula bungah sanget mbok”. (Kuning banjur ngambung tangane simbok, lan simbok nepungake Kuning marang para klething liyane, ulate para klething liyane pating mbesengut)
MBOK RANDHA  : “Wis ayo padha mlebu omah kabeh, ayo anakku kabeh, sing rukun karo adhimu anyar iki”.
K. ABANG           : “Pokoke kowe sing nyaponi latar!”
K. UNGU              : “Klambi-klambine aku lan liyane pokoke kowe sing ngumbah!”
K. BIRU                : “ Kowe pokoke sing mijeti aku!”
K. IJO                    : “Husst”
MBOK MENAH     : “Wis ayo padha mlebu gage, ndhuk!” (kabeh metu panggung)
BABAK II
SWASANA PADESAN/DHUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojegan)
—————-pre memory-dhagelan bebas—————-
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale) “Wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kagem sedaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klething uga melu)
“Sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken garwane, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipuntengga wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ndalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken garwa gumantung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!” (para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau).
K. ABANG           : “mBok, aku pengin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU,
BIRU                     : “Aku iya mbok”
MBOK MENAH : “Wis ayo gek dha siap-siap, ayo padha dandan lan milih busana kang apik ana ing juru rias wetan kana”
PARA
KLENTHING       : “Ayo!” (nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING         : “mBok, kula pripun?!” (para klething lan mbok Menah balik)
K. UNGU              : “Lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING         : “Aku ya pengin melu sayembara”.
PARA
KLENTHING       : “Apa??!”
K. BIRU                : “Eh, mendhingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO                    : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo blegermu kuwi!”
K. BIRU                : “Yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG            : “Kowe apa wis nandangi gaweyan omah, ha?!!”
K. KUNING         : “Dereng mbakyu Abang”
K. ABANG           : “Nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO                    : “Wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG           : “Nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH   : “Kuning, apa bener kowe pengin melu sayembara?”
K. KUNING         : “Leres mbok”
MBOK MENAH   : “Apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING          : “Dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe idin melu sayembara amarga tandang gawe kewajibanmu durung mbok lakoni” (para klething padha seneng lan ngguyu nyokurke Kuning)
MBOK MENAH     : “Nanging ya kuwi, upama kabeh pagaweyan mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu” (para klething liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO                    : “O, iya Kuning, aja lali, mengko neng omah benakna gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG           : “Aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU              : “Tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU                : “Pokoke kowe ra oleh lunga sadurunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sitok iki!” (para klething banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindak apa-apa. Kuning nangis dhewe ana ing papan mau).
K. KUNING         : “Dhuh Gusti, salah napa kula niki, gadhah mbakyu nanging atine ala sedaya, kula pengin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, napa saged sedaya pagaweyan niki rampung kula tandangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan” (kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning).
K. KUNING         : “mBah, panjenengan sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “Ora usah wedi ndhuk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe ndhuk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngetokake aji-aji engga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING         : “Maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”.
SANG HYANG    : “Iya ndhuk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”.
K. KUNING         : “Lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana?”.
SANG HYANG    : “Iya ndhuk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bisa nulungi kowe saka bebaya”.
K. KUNING         : “Maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”.
SANG HYANG    : “Iya ndhuk ngati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang arep bali dhisik” (Sang Hyang lunga)
K. KUNING         : “Maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)
BABAK III
SWASANA PINGGIR KALI
(rombongan Abang, Ijo, Ungu, Biru teka ana pinggir kali Suda Susila)
K. ABANG           : “E, e, lha dalah, kadingaren kaline banjir kaya mangkene”.
K. IJO                    : “Iya mbakyu, gek ya kretege ambrol sisan”.
K. UNGU              : “Kamangka wong papat kabeh iki ora ana sing bisa nglangi, hadhuh, njur kepiye iki?”
K. BIRU                : “Lha jan-jane awak dhewe arep neng ndi ta, mbakyu?”
K. ABANG           : “Wah iki, awak dhewe iki arep menyang Kadipaten Arum Wana papan panggonane Andhe-Andhe Lumut, kae galo panggonane ana ing sebrang kali iki”.
K. BIRU                : “Wah, ndadak nyebrang kali barang ya, umpama pindhah Kadipaten ngono piye mbakyu? Ben rasah nyabrang”.
K. IJO                    : “Gundhulmu! Rasah mokal-mokal, wis gek piye iki, ayo padha golek akal”.
K. UNGU              : “Coba tak ukur, kali iki banyune jero apa ora (njupuk watu banjur diuncalke kali)
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaa (ceguken) adhuh biyuuunngg!!” (metu karo ngelus-elus sirah)
(para klething kaget lan gumun)
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaa, sapa mau sing mbalang sirahku? Adhuh, dhuh…” (Yuyu clingak-clinguk banjur weruh para klething dadi ndomblong lan melet-melet)
K. UNGU              : “Walah mbakyu, apa kuwi mbakyu, nggilani lan medeni tenan”.
K. BIRU                : “Hiiii, sereeem”.
K. ABANG           : “Sik sik, iki tak atasane”. (Abang maju nyedhaki Yuyu) “Hei mas-mas, sampeyan niku sinten?”
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaa, aku Yuyu Kangkang, ahaaa, aku sing mbaureksa kali Suda Susila iki, ahaa…”
K. IJO                    : (ngomong marang Abang) “mBakyu, coba jalukana tulung menawa dheweke bisa nyebrangake awak dhewe”.
K. BIRU                : “Iya mbakyu, aku selak kebelet pengin ketemu Andhe-Andhe Lumut”.
K. ABANG           : (marang para klething) “Iya, aku ya mikir kaya mangkana”
(madhep Yuyu) “Yuyu Kangkang, apa kowe bisa nulungi aku lan adhi-adhiku nyebrang kali iki?”
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaaa, isa wae, pancen kuwi tugasku, ahaaa” (para klething padha seneng)
K. BIRU                : “Wis, gek ndang ayo, ayo, ayo”. (polah)
YUYU
KANGKANG       : “Eiiiitsss, nanging, ahaaa, ana syarate”
PARA
KLENTHING       : “Apa kuwi?”
YUYU
KANGKANG       : “Aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”.
PARA
KLENTHING       : “Pilus apa kuwi?”
YUYU
KANGKANG       : “Pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?” (para klething rambugan eyel-eyelen)
YUYU
KANGKANG       : “Piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”.
K. ABANG           : “ Yuyu Kangkang”.
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaa….”
K. ABANG           : “ Ya wis aku saguh karo apa sing mbok syaratake mau, wis ndang sabrangna saiki, iki wis meh arep tabuh papat sore, cepet gage!” (Yuyu nyabrangake para klething siji-siji tekaning sebrang pipine para klething
diciweli)
(Kuning teka pinggir kali)
YUYU
KANGKANG       : “Ahaaa, sapa meneh iki kok ana bocah wadon ijen, ahaaaa, apa arep nyabrang kowe ndhuk? Hahaha, ahaaaa”.
K. KUNING         : “Iya ki sanak, banjur niki pripun?”
YUYU
KANGKANG       : “Ahaa, aku isa nyabrangke kowe, ananging kowe kudu menehi aku pilus alias pipi alus, ahaaa”.
K. KUNING         : “Wah, menawi mekaten kula mboten purun ki sanak”.
YUYU
KANGKANG       : “Ahaa??? Eh, apa?? Kowe emoh?! Yen aku maksa piye horo?!”
K. KUNUNG        : “Adhepana aku sik yen kowe wani”.
YUYU
KANGKANG       : “Eeee, lhadhalah, wani temen kowe iki heeehh??!!” (Yuyu maju ngoyak-oyak Kuning nanging Kuning bisa endha terus)
K. KUNING         : “Heh, rasakna iki!” (karo ngathungke teken zaitun)
YUYU
KANGKANG       : “Adhuh biyuuunngg!! Kapooookkk, ahaaa, ahaaa ahaaa” (metu lunga karo ginjal-ginjal)
K. KUNING         : “Rasakna kuwi!” (Kuning banjur ngathungke teken zaitun ana ing kali, banjur kaline dadi asat banyune, Kuning langsung nyabrang lan mbacutake laku)
BABAK IV
SWASANA OMAH LODJI
(Andhe-Andhe Lumut lan Mbok Randha
lungguh ana dhampar di kawal Juru Warta lan Pengawal 1)
ANDHE LUMUT : “Juru warta”.
JURU WARTA     : “Kula ndara, wonten timbalan dhawuh?”
ANDHE LUMUT      : “Kepriye, apa dhawuhku nyorakake sayembara ana ing sajroning padesan sebrang kali Suda Susila wis mbok leksanakake?”
JURU WARTA     : “Awit pangestunipun sampun ndara”.
MBOK RANDHA : ”Ya wis syukur, muga-muga wae para wanita saka sebrang kali kana ana sing madhep manteb karo atimu ngger”.
ANDHE LUMUT : “Inggih ibu”.
MBOK RANDHA  : “Iya, sebabe mau wae wis akeh wanita pirang-pirang pasarta sayembara pilih sing wis mbok tampik amarga ora sarujuk karo kekarepanmu”.
ANDHE LUMUT : “Inggih ibu, mugi tansah mekaten, manah kula inggih menggalih sami kaliyan ibu, dene wanita ingkang kula idhamaken saged enggal-enggala tinemu wonten ing ngajeng kula lan ibu”.
PENGAWAL 2     : “Kula ingkang sowan ndara!” (pengawal 2 mlebu lumaksana jengkeng)
ANDHE LUMUT : “Pengawal, ana apa pengawal? Apa siang arep mbok wartakake?”
PENGAWAL 2     : “Kepareng matur ndara, wonten ing palataran dalem wonten rombongan wanita malih, rombongan menika saking dhusun sabrang kali Suda Susila, para rombongan menika saprelu badhe tumut sayembara pilih”.
ANDHE LUMUT : “Ya, yen mangkana, wis gage diaturi mlebu ana papan kene!.
PENGAWAL 2     : “Sendika ngestokaken dhawuh ndara”. (pengawal metu lan balik maneh mlebu karo para klething Abang, Ijo, Ungu, Biru, pengawal 1 lan 2 metu)
MBOK RANDHA  : “Ee, bocah kok ya ayu-ayu kaya ngene iki, mangga-mangga dipenakke sik anggone lungguh”.
PARA
KLENTHING       : “Inggih ibu”.
MBOK RANDHA : “Ndhuk, cah ayu-ayu, coba ibu pengin weruh jenengmu kabeh (para klething banjur padha nepangake awake dhewe-dhewe). “Ngger Andhe-Andhe Lumut, (marang Andhe-Andhe Lumut) coba saka bocah papat kuwi mau endi sing sarujuk karo atimu?” (Andhe-Andhe Lumut mlaku marani para klething sinambi wira-wiri mriksani para klething)
Ing Adhegan iki bisa uga diwenehi tembang mangkene:
Mbok Randha:
Putraku si Andhe, Andhe-Andhe Lumut
Tumuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Klething Abang iku kang dadi asmane
Andhe-andhe Lumut:
Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang
Mbok Randha:
Putraku si Andhe, Andhe-Andhe Lumut
Tumuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Kleting Ijo iku kang dadi asmane
Andhe-andhe Lumut:
Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang
JURU WARTA     : “He, he, pripun ndara, ayu-ayu lhe, kajaba ingkang biru nika, hehe”.
MBOK RANDHA : “Kepriye ngger anakku?”
ANDHE LUMUT : “Ibu, miturut panyawang kula, para wanita menika mawi sukma ingkang mboten sae”.
MBOK RANDHA : “Apa kuwi tegese ngger?”
ANDHE LUMUT      : “Inggih ibu, para wanita menika sampun mawi tilasipun Si Yuyu kangkang”.
MBOK RANDHA : “Dadi?”
ANDHE LUMUT : “Niku ateges kula mboten saged nampi para wanita menika ibu”.
MBOK RANDHA : “Ndhuk cah ayu-ayu, wis ngerti ta apa sing diaturke dening anakku? Sing sareh ya, menawa iki durung jodhomu”. (marang Andhe-Andhe Lumut) “Ngger, wis akeh wanita sing ora sarujuk marang atimu, jan-jane panjalukmu sing kepiye ta, ngger?” (Andhe-Andhe Lumut amung gedheg-gedheg kadadak pengawal 1)
PENGAWAL 1     : “Ndara, kepareng matur”.
ANDHE LUMUT : “Iya pengawal, ana wigati apa?”
PENGAWAL 1     : “Wonten latar ana salah satunggaling wanita malih ingkang badhe tumut sayembara pilih ndara”.
ANDHE LUMUT : “Ya wis ndang diaturi mlebu”. (pengawal 1 ngacungke kode ngundang, pengawal 2 karo Kuning taka, Kuning amung ndungkluk banjur lungguh) (para klething padha kaget, saur manuk)
K. ABANG           : “ Hei, Kuning, wani-wanine kowe rene?? Apa gaweyanmu wis rampung?”
K. KUNING         : “Sampun mbakyu”.
K. UNGU              : “Halah, awake dhewe sing ayu-ayu kaya ngene wae ora ditampa, apa maneh kowe sing mung batur!”
K. IJO                    : “Wis, kana ndang minggat tinimbang gawe isin neng kene!”
K. KUNING         : “Nyuwun pangapunten mbakyu, kita sedaya anggadhahi hak ingkang sami, kula uga kepengin tumut sayembara pilih niki”.
MBOK RANDHA  : (nugel atur, marang para klething) “Bener pangucape bocah iki ndhuk” (marang Kuning) “Ndhuk cah ayu sapa aranmu?”
K. KUNING         : “Kula Klething Kuning, Ibu”
MBOK RANDHA : “O, o, iya, ngger anakku, coba mbok sawang bocah iki, apa kowe sarujuk?”
(Andhe-Andhe Lumut nyedhaki Kuning, ngranggeh tangane, Kuning ngadeg, sakloron padha tinemu sawang)
Ing Adhegan iki bisa uga diwenehi tembang mangkene:
Mbok Randha:
Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Klenthing Kuning iku kang dadi asmane
Andhe-andhe Lumut:
Adhuh, Ibu, kula inggih purun
Kang putra inggih badhe mudhun
Nadyan ala punika kang putra suwun
K. KUNING         : “Kangmas Inukertapati….!”
ANDHE LUMUT      : “Diajeng Candrakirana….!” (kabeh isining panggung tablo/matung)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar