Rabu, 11 Desember 2013

TULADHA PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dhumateng panjenenganipun Bp…………………(ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp……………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp……………sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, lumantar panjenenganipun Bp……………….(ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah penjengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp………………….sekalihan (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan panjenenganipun Bp………………sekalihan, naming ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparengipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratanda yektikasoking katresnan dhumateng Bp…………….sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Among semanten panampi saking Bp…………sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar kula, katuri uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp……………………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih manawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kula pinangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayahWassalamu’alaikum Wr. Wb

Sumber : http://www.sastrajawa.com/sawetawis-tuladha-panata-adicara-lan-pamedharsabda/#more-273

Tidak ada komentar:

Posting Komentar